Sinau saka crita jawa

      SINAU SAKA CRITA JAWA 

  Cerkak iku cekakan saka crita cekak. Ora mung marga wujude kang cerkak (2-5 kaca) , nanging crita utawa lakon diandharake ya cekak. Umume wektu kang dibutuhake kanggo maca cerkak iku mung sedhela wae.
  Crita cekak umume dumadi saka saalur wae. Tegese, prekara utawa konflik kang diadhepi dening paraga-paragane mung siji. Sanajan mangkono,masalah iku mau saya suwe saya ruwet, wusanane nganti dadi mbundhet (klimaks) . Bab iku beda karo akehe prekara ing crita novel kang biasane nyritakake prekara pirang -pirang dadi siji. Kajaba prekara kang akeh mau, paraga kang dicritakake ing kono uga pirang pirang (ora mung siji). 

A. Maca lan nanggapi isine teks cekak lan niteni perangan-perangane
  
  Crita cekak iku karangan utawa riptan kang sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka kayalan utawa rekane mpangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono, perangan-perangan kang  mbangun wutuhe crita cekak adhakane padha. Perangan-perangan kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane prekara (tema), paraga (tokoh) lan watake paraga (penokohan), lakune crita (alur/plot), kepiye pangripta anggone nyritakake (point of view), kapang lan papan kedadeane crita kasebut (seting) , lan wulangan utawa tuntunan kang ditujokake marang pamaca (amanat). 
  
  Jlentrehe, tema iku underane prekara kang dirembug kang dadi sumbere konflik. Tokoh lan penokohan iku gegayutan karo sapa wae kang dicritakake ing cerkak iku genep karo watake, Kayata:sabar, wicaksana, galak, judhes, lan sapanunggale. Plot iku gegayutan karo kepiye lakune crita:alure lumrah/normal/maju utawa alur mundur/inversi. Point of view utawa sudut pandang iku kalungguhane pangripta sajrone crita. Pengarange dadi paraga utawa ('aku' ing crita) apa dadi paraga kang mung nyritakake ('dheweke' ing crita) . Seting gegayutan karo papan lan wektune, crita iku kedadeane ana ngendi lan kapan kelakone. Dene amanat iku magepokan karo wulangan/tuladha/tuntunan/kang dikandhut utawa diemot ing crita iku.

B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks crita cekak lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

  Amanat iku wujude gagasan utawa gagasane pangripta/pemgarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca. Amanat-amanat iku biasane gegayutan karo niyat utawa piturur becik, upamane bab katresnan kalebu tresna marang sasamane,tresna bangsa, tresna budaya, lan sapunggale. Saliyane iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa ketuhanan (religius) , setya marang negara (patriotisme), pendhidhikan, kabudayan, lan sapanunggalane.

C. Nulis sinopsis crita cekak nggunakake ragam basa kang jumbuh/cocog karo konteks lan pranatan/aturan 
  
  Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu crita cekak. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha karo basa ing crita. Sing baku, nalika nulis sinopsis paraga, watak, wose (intine) crita ora kena beda karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis. Nadyan mengkono, urutan anggone nulis sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita iku. Gampange rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu dhewe.

D. Nalika sinopsis cekak gegayutan karo jumbuhe karo konteks lan pranatan

  Naliti sinopsis ing kene mengku karep, kanca padha kanca (sameja umpamane) padha bebarengan bijen-bijenan (saling menilai) sinopsis garapane. Kegiyatan kaya ngene iki umume diarani njlimeti utawa menyunting. Ing kegiyatan njlimeti iki kang dijlimeti/disunting bisa aksarane, future ukara,utawa tandha wacane. Prekara telu iku mau utama ana kang kleru ya dibenerake perangan kang kurang ditambahi, lan perangan kang keladuk ya kudu disuda. Isine crita ora prelu dibenerake, amarga iku hake panganggit/pengarang kang sipat sipate merdika (bebas) mekarake gagasan. Kamerdikan sajrone ngudhal gagasan iku, ing jagade kasusastran diarani lisensia poetika.

Sumber : Gegaran nyinau Basa Jawa 1 kelas X SMA/SMK/MA


Komentar

  1. Lumayan membantu πŸ‘πŸ‘

    BalasHapus
  2. Bagus banget blog nya
    Membantu dalam pembelajaran

    BalasHapus
  3. Baguus bangetπŸ‘πŸ»πŸ‘πŸ»

    BalasHapus
  4. bagusπŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘

    BalasHapus
  5. Bagus...mudah dipahami πŸ‘πŸ‘πŸ‘

    BalasHapus
  6. Sangking mriki kula angsal piwulangan ingkang sae, supados dadosake ilmu ingkang manfaati dateng liyan

    BalasHapus
  7. Bagus sekali...ilmunya bermanfaat

    BalasHapus
  8. alhamdulillah dapet ilmu,terimakasih kakak

    BalasHapus
  9. Sangat membantu dan bermanfaat

    BalasHapus
  10. Terimakasih sangat informatif sekali

    BalasHapus
  11. Materinya sangat membantuπŸ‘

    BalasHapus
  12. Singkat, lugas, mudah dipahami
    Jangan berhenti sampai disini
    Ditunggu tulisan selanjutnya

    BalasHapus
  13. Sangat membantu, dan bagus banget materi nya, jadinya dapet ilmu lagi😁😁

    BalasHapus
  14. Bagus materinya...Semangat utk trs posting ilmu2 yg lain.
    Semoga berkah utk smuanya

    BalasHapus
  15. πŸ‘πŸ‘πŸ‘πŸ‘

    BalasHapus
  16. Sangat bermanfaat ... Good job��

    BalasHapus
  17. Artikelnya luar biasa, bagus buat belajar. Semoga makin berkah ilmunya

    BalasHapus
  18. Terimakasih, sangat bermanfaat sekali:)

    BalasHapus
  19. Sangat bermanfaat, mantepp pokoknya ❤

    BalasHapus
  20. Bagus sekali sangat bermanfaat

    BalasHapus
  21. Sangat bermanfaat bagi kita semua

    BalasHapus

Posting Komentar