SESORAH

1. Pangerten
  Sesorah yaiku tembung liya saka pidhato.Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang di tunjuake marang wong akeh utawa masyarakat lan biasane sesorah iku katindhakake ana ing acara formal.
 Tuladha 
    a) Upacara mantenan jangkep.
    b) Sunatan (Supitan).
    c) Upacara sedekah gunung       
        lan sapanunggale.

2. Jenis Sesorah
· Miturut gunane :  
a) abdatama (sesorah tunggal).
b) Pambagyaharja (mahargya rawuhe tamu).
c)  Tanggap wacana (sesorah kang kudu entukt
     tanggapan).

· Miturut anacase pidhato
a) Atur pambagya : Sesorah kangge nampi
rawuhipun para tamu, wonten ing  acara menapa kemawon, umpamanipun ing 
pahargyan(pesta), syukuran  lasapanunggalane.
b) Alur kabar utawa informasi: Informasi saget sarupi pelapuran  utawa nyariosaken santunggale bab dhateng pamira,pramila bab ingkang kawedharaken kedah gamblang/cetha.
   Tuladha : Sesorah ing rapat,promosi barang
 lan sapanunggale.
c) Atur panglipur/hiburan
(ancasipun supados ingkang mirengaken remen penggalihipun).
d) Pangajak : Ancasipun supados ingkang
 mirengake pitados. Kaliput manahipun    saengga purun nindakaken menapangkang 
 dipunwedharaken.
 Tuladha : Panyuluhan Kesehatan.

3. Paranga Sesorah :
  · Irah-irahan.
  · Salam Pembuka.
  · Pakurmatan.
  · Purwaka Basa.
  · Wos utawa Isini Sesorah.
  · Andharan Wose Sesorah.
  · Pangarep-arep.
  · Wasana Basa.
  · Salam Penutup.

4. Metode Kang Nindakake Sesorah yaiku 
   Basa kang digunakake kudu cocog karo sing diadhepi.Basa ngoko digunakake menowo sing diadhepi iku bocah utawa luwih enom tinimbang seng sesorah.Basa karma digunakake menawa ngadepi wong sing luweh tuwa utawa wong sing kudu diurmati.

5. Metode Nindakake Sesorah :
a) Eksternporan
    Eksternporan yaiku metode kang wektu maca sesorah/pidato gowo catetan cilik,seng isine pokok-pokok penting seng arep disampekke.
b) Apalan
    Apalan yaiku teknik seng dianggo ing sesorah tanpa nggowo kertas lan biasane uwes dipersiapke sak durunge sesorah.
c) Naskah Teks
    Naskah teks yaiku metode kang digunakno nganggo teks sesorah mau kanthi bar babagan seng disampekno.



Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 kelas XI SMA/SMK/MA lan sinau-basajawi.blogspot.com

Komentar

Posting Komentar