PRANATACARA
MC utawa Master of Ceremony mengkono istilah sing misuwur tumraping pranatacara. Pranatacara kajibah nglantarake titilaksana upacara pasamuan, temanten, lan sapanunggalane. Basa sing dienggo pranatacara gumantung karo upacarane.
Pranatacara, yaiku paraga kang nduweni jejibahan nglantarake titilaksana ing acara.
A. Maca lan Nanggepi Teks Pranatacara
Gatekna pethilan teks pranatacara ngisor iki!
Assalamualaikum Wr. Wb.
Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.
Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan.
.......
Caos uniga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab qobul putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu Fitri Kusuma putra putrinipun Bapa Joko Susena ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus Ganes Sri Narendra putra kakungipun Bapa Agus Dahlan ingkang lenggah wonten Sekayu Semarang, sampun kaleksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda duk nalika Selasa, 29 Maret 2016 wanci tabuh 09.00 mapan sekayu.
Paratamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun nggih :
- Binuka kanthi sowaning putra temanten sarimbit saking sasana busana,
- Purnaning tata upacara sowanipun pinanganten,
- Atur pambagya yuwana saking hamengku karsa,
- Ndungkap titi laksana tataran angka sekawan, lir gumanti pasrah saha panampining putra temanten,
- Adicara ingkang gangsal sadatama,
- Wondene pratandha purnaning pahargyan saking kulawarga minangka paran para.
Jengkaripun temanten sarimbit saking sasana busana.......
B. Nemokake Isi Pokok Teks Pranatacara
Isi teks pranatacara ing ndhuwur, yaiku :
- Teks pranatacara kasebut ngandharake titi laksana ijab qabul,
- Acara binuka kanthi sowane temanten sarimbit, waosan, Kalamullah, atur pambagya hamengkukarsa, pasrah, sabdatama, lan paran para.
C. Mbedah Kaidah Pranatacara
Urut-Urutane teks pranatacara :
- Salam pambuka,
- Atur pamuji,
- Atur kasugengan, kairing atur panuwun,
- Wedharing gati,
- Atur nyuwun pangapura,
- Panutup,
- Salam panutup
D. Maca Teks Pranatacara
Supaya anggone maca teks pranatacara gampang dimengerteni, kudu nggatekake babagan ngisor iki :
- Pangucapan kang trep,
- Pamedhote ukara kang trep,
- Intonasi, nada, lan tekanan kang trep,
- Mangerteni tandha wacan kanthi trep,
- Swara kang cetha,
- Ngatur alon lan cepete pamaca,
- Ngolah treping mlebu wetuning napas,
- Mahami wacan,
- Pracaya marang dhiri pribadi.
Sumber : Buku Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA
Ayok mnorr
BalasHapuscakepp
BalasHapusGood job👍
BalasHapusOoh...bagus sekali.. 👍
BalasHapus👍👍
BalasHapus💪
BalasHapusAku kon ngomen pie🤔
BalasHapusNiceso
BalasHapusNice
BalasHapus