KATRESNAN KANG SEJATI
A. Cerita rakyat
Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute.
Unsur-unsur crita rakyat
Titikane crita rakyat
Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute.
Unsur-unsur crita rakyat
- Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan Utawa kang ndhasari lakuning crita.
- Latar (setting) yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan panggonan lan sosial budaya.
- Paraga yaiku paraga ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karakter saka tumindake, ciri isike,lingkungane lan sapanunggale.
- Alur (plot) yaiku rerangkening Prastawa ing sajroning crita.
- Amanat yaiku pesen kang ana ing crita.
- Sudut pandang yaiku nyritakakae tokoh, barang, papan lan sapanunggale, konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita.
Titikane crita rakyat
- Panyebarane kanthi lesan.
- Duweni sipat tradhisional.
- Sugih carkik lan variasi.
- Jenenge pangriptane ora kondangan (anonim yaiku crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggur).
- Wangune Ririn (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane.
- Mupangat rekreatif yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan
- Mupangat dedaktif yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai - nilai kabeneran lan keapikan
- Mupangat estetis yaiku menehi nilai-nilai kaendahan.
- Mupangat moralitas yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saegga para kang maca bisa mangerteni moral kang apik lan lan elek.
- Mupangat religiusitas yaiku ngemu ajaraning agama kang bisa didadekake tuladha kanggo para kang maca.
- Mitos, yaiku crita kang dianggap benar-benar kedadeyan, kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit tuladhane crita rakyat nyi Rara kidul, nyi Lanjar
- Legendha, yaiku crita kang dianggap benar-benar kedadeyan biyasane crita mau ana petilisan arupa waktu, gunung kali, lan sapanunggale tuladhane crita baru klinthing, kawah Sikidang, Roro Jonggrang
- Dongeng, yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya, tuladhane kancil nyolong timun, keong mas, lutung kasarung.
Sinopsis yaiku ringkasane crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita sakkabahe.
Sumber : Gegaran nyinau Basa Jawa 2
Kelas XI SMA/ SMK/ MA
- Tema. : gagasan pokok, pokok crita
- Latar : papan lan waktu dumadine Prastawa
- Alur : lakuning crita
- Penokohan : paraga crita
Sumber : Gegaran nyinau Basa Jawa 2
Kelas XI SMA/ SMK/ MA
Good
BalasHapus👍👍👍👍👍👍👍👍
BalasHapusSangat bermanfaat banget nih...
BalasHapus👍👍
BalasHapusSippplah
BalasHapusIlmu ini bermanfaat
BalasHapusbagusss
BalasHapusBag usss smoga bermanfaat dikemudian hari
BalasHapusNice
BalasHapus