ALAM SAWEGUNG


  Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kanker dening pangeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang di pilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa (gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae. 

A. Maca lan nanggepi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane
    Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki. 
-Maca kanthi premati, yen prelu dibolan-baleni. 
-Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur meneh tandha ngaso (/) utawa sigeg(//). 
-Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang. 
-Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite. 
-Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe. 

   Menawa cara-cara kasebut wis kolakoni, mesthi bisa kotemokake isine geguritan. Kanthi mentes, apik, endah, mengkono, para siswa banjur bisa menehi panemu. Panemu iku bisa setuju (sarujuk), bisa ora setuju, bisa nyengkuyung, lan bisa uga menehi panemu kang sipate kodok balen (berlawanan) . 

Apa Bedane
dening Sudi Yatmono

Apa bedane prosa karo puisi
Bedane ana ati

Apa bedane ati karo gori
Bedane mung prakara bumbune
Bedane apa bumbune karo sing dibumboni
Bedane rak mung ana ing wadhah 

Apa bedane wadhah karo sing diwadhahi
Kuwi rak mung akal pokal gaweane manungsa 

Lha apa bedane manungsa karo kewan
Ah iku urusane pangeran 
(Mbangun Tubuh, angka 138) 

B. Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan lan njumbuhake karo kahanane bebrayan
   
    Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bungah, rasa sedhih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-kepati marang kahanan. Mula saka iku, lumantar geguritan pamaca bisa nemokake tuntunan kang gegayutan karo kahanan. 

C. Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh utawa cocog karo konteks lan pranatan utawa aturan
   
    Kaya kacetha ngarep menawa nulis geguritan iku merdika. Supaya ana gondhelan, prelu kogatekake bab-bab kaya mengkene. 
a. Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra  guru wilangan, guru lagu, lan sapanunggale. 
b. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik. 
c. Bisa nggunakake lelewane basa (purwakanthi, baliswara, saroja, entar lan sapanunggale) . 
d. Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindhir,nggresah, pamudhut, lan sapanunggale. 

Sumber: Gegara Sinau Basa Jawa 3 kelas XII SMA/SMK/MA

Komentar

Posting Komentar