Postingan

Menampilkan postingan dari 2020
  ALAM SAWEGUNG   Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kanker dening pangeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang di pilih, lan surasane kabeh merdika utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit. Ana kang nganggo lelewane basa ( gaya bahasa) tinamtu, uga ana kang biasa-biasa wae.  A. Maca lan nanggepi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane     Supaya bisa nemokake isine geguritan bisa dilakoni kanthi cara ing ngisor iki.  -Maca kanthi premati, yen prelu dibolan-baleni.  -Nggatekake ubungane larik siji lan sijine, banjur meneh tandha ngaso (/) utawa sigeg(//).  -Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh. Bisa tegese lugu, entar, utawa lambang.  -Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite.  -Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha lan bisa ditemokake karepe.     Menawa cara-cara kasebut wis kol...
KATRESNAN KANG SEJATI  A. Cerita rakyat       Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan utawa pinangka crita pamancing impen, lan sapiturute. Unsur-unsur crita rakyat Tema yaiku ide pokok utawa permasalahan Utawa kang ndhasari lakuning crita. Latar (setting)  yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan panggonan lan sosial budaya. Paraga yaiku paraga ing sajroning crita. Paraga bisa dingerteni karakter saka tumindake, ciri isike,lingkungane lan sapanunggale. Alur (plot) yaiku rerangkening Prastawa ing sajroning crita. Amanat yaiku pesen kang ana ing crita. Sudut pandang yaiku nyritakakae tokoh, barang, papan lan sapanunggale, konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita.   Titikane crita rakyat Panyebarane kanthi lesan. Duweni sipat trad...
      PRANATACARA       MC utawa Master of Ceremony mengkono istilah sing misuwur tumraping pranatacara. Pranatacara kajibah nglantarake titilaksana upacara pasamuan, temanten, lan sapanunggalane. Basa sing dienggo pranatacara gumantung karo upacarane.      Pranatacara, yaiku paraga kang nduweni jejibahan nglantarake titilaksana ing acara. A. Maca lan Nanggepi Teks Pranatacara     Gatekna pethilan teks pranatacara ngisor iki! Assalamualaikum Wr. Wb.      Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.     Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan.     .......    Caos uniga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab qobul putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu Fitri Kusuma putra putrinipun Bapa...
             SESORAH 1 . Pangerten   Sesorah yaiku tembung liya saka pidhato.Pidhato iku medharake gagasan sarana lesan kang di tunjuake marang wong akeh utawa masyarakat lan biasane sesorah iku katindhakake ana ing acara formal.  Tuladha      a) Upacara mantenan jangkep.     b) Sunatan (Supitan).     c) Upacara sedekah gunung                lan  sapanunggale. 2. Jenis Sesorah · Miturut gunane :    a)  a bdatama (sesorah tunggal). b) Pambagyaharja   (mahargya r awuhe  tamu). c)  Tanggap wacana (sesorah  kang  kudu  entuk t       t anggapan). ·  Miturut anacase pidhato a) Atur pambagya :  Sesorah kangge  nampi rawuhipun  para tamu,  wonten  ing  acara  menapa kemawon,  umpamanipun ing  paharg...

Sinau saka crita jawa